Parodi kewan(versi ngapak)

Oke bro ketemu maning karo nyong,siki aku pengin crita Parodi kewan,mbuh lucu mbuh ora sing penting guyu.hehe,,,,,hihihi.....haahaa


Critane neng jaman ndisit ana sekumpulan kewan sing uripe neng alas sing urung terjamak neng menungsa tur alase lebat(urung terjamak+lebat si apa kue,,),husss.. Oke lanjut bae ya  ehemm. critane esuk2 kewan kewan pada kumpul ,ngopi-ngopi karo udud ,wkwk.Neng kono ana kancil,pitik,wedus,gajah,singa,karo babi.



Wedus: eh batir- batir wis pada mangan  urung?


Kancil njawab:ya wis dus, aku mangan nasi uduk miki,enak yakin karo endog gajah.


Pitik:kawit kapan gajah ngendok cil?kowe tau mangan bangku sekolah urung?


Gajah:eh tik pitik, kancil bener aku juga bisa ngendog tapi ra ana cangkange ,nek digoreng ya enak.haha koe mangan endogku neng ndi cil? Arep maning ora,stoke esih akeh kie.xixixi


Bebek:wes ,wes aaaaja pada ribut,contoh nyong sarapane karo rajane sega.sory bae sega biasa ra level...


Singa:kowe tukang uprus lah bek,ngomong beh esih wek wek,gembelengan . rajane sega mbok segaking jenenge? Kue artine sega mambu terus dipeee maning bek, oalah gayamu bek...bekk.


Babi:sing brokoh kur enyong lah,nyong apa bae doyan.


Pitik:iya doyan ,pancen koe pling brokoh bi, tapi nyong rep takon ring koe bi. Kenangapa nek mlaku koe mesti nunduk? Engko nek nabrak kepriwe?


Babi: jane enyong due alasan tersendiri tik, jane enyong isin nek biyungku babi,jere nek kewan kaya nyong kotor dadi nyong ya isin...kaya kue !!!


Gajah:husst aja kaya kue, pengin bersih ya adus kosokan ro sabun lux,pa nupo, bar adus anggo parfum,hembodian.mesti wangi bi...sing penting yakinn..!!!


Babi:oh kaya kue yahh, okelah ngko blik tuku sabun,hembodi ro parfum neng alfamart.


Bebek: mending indomaret bi,lewih murah,aq wingi tuku pulsa murah yakin, pulsa 20 ewu kur mbayar 50 ewu.


Kancil:koe bodo temen bek,pulsa 20 ko mbayar 50..?


Bebek: husttt, ngko disit ,aku mbayar 50 jujule 35. Dadi pulsane ya kur 15 cil..dirungokna disit nek ana wong ngomong...kupinge dipasang!!!


Pitik:wes aja pada ribut, meneng meneng kayane ana sing urung sarapan pa yah?


Singa: koe ngerti bae nek nyong kencot tik, koe rela pa dadi santapanku?


Pitik:idihhh enak bae lambene lah ,aku rung mbojo ngaaa.Kae gajah sing daginge akeh.


Gajah:apa tik?jel ngomong maning!!! Gelut disit ngeneh nek rep mangan nyong.


Kancil:singa nyong gelem dadi sarapanmu siki,tapi ana syarate ,


Singa:apa cil?


Kancil: sedurunge mangan aku ,koe merem semenit bae terus cangkemmu bukak sing amba ngko aku mlebu dewek meng cangkemu.


Singa: kue mah gampang ,oke nyong setuju cil.


Kancil +kancane rembugan go ngerjani singa,terus nemu ide ya kue cangkeme singa disogi lombok sing akeh,,hehe


Kancil: okeh singa,siki bukak cangkemu tutup matane yaaa.


Singa:oke cil!


Kancil karo kancane golet lombok terus dilebokna meng cangkeme singa.terus ditinggal lunga.


Singa(neng jero ati ,suwe temen kie kancil ,wes lah langsung bae tek kreos bae ) hemmm kreos ,kreos. Lahhh ko deneng pedes temen. (Dilepehna) oalah jebul nglembo koe ya cil,bocaeh pada mengdi kie !!awas bae nek ketemu tek caplok koe cil.


"Crita selanjute simak terus ya PARODI KEWAN, hehe....ora ngguyu sing penting mesem.ora mesem sing penting heppy.ora hepii sing penting yakin.


Thanksssss.

Subscribe to receive free email updates: