Guyonan kewan ( kancil ro singa)

 
Salam sukses ,sugeng enjing ,sugeng awan, sugeng sonten,sugeng ndalu kabeh sobat kabeh.Ketemu maning karo enyong asli wong bumen sing sseneng ngomong ngapak.Artikel kie gur guyonan,go nglepasna stres mikir urip sing urung sugih..hehehe

Kanda masalah kewan kue ora ana rampunge,dongeng sing tengtang kewan juga akeh kawit mbiyen.Oke langsung bae kie crita nerusna artikel sedurunge sing judule "PARODI KEWAN".Critane esih neng hutan sing lebat tur belum terjamak.hahaha.....uwis aja ngguyu wingi wis dibahas.hihihi.

Nek wingi critane singa dikerjani kancil karo batir_batire cangkeme singa dileboni lombok.Nah siki singa ro kancil ndilalah ketemu,singa teka kan sudut biru,sedangkan si kancil teka kan sudut merah.hahah kaya tinju bae.Sawise  petuk,singa sing esih kelingan winginane dikerjani kancil esih kesuh banget.Tuk,,,tuk,,,tuk,,,,kancil mlaku alon-alon mbatine kancil "aduh ana singa esih kesuh ora yah aring nyong" . Kancil mlaku biasa,etok etok ora ngerti ana singa.Singa juga etok-etok ngapiki kancil.

Singa  :  ehhemmmmm.... rep ngendi cil,jarkua mlakune alon temen sikile lara pa?

Kancil  :  hehehe...ora papa nga,,rep jalan-jalan kie meng mol,golet tas eiger nga.hehehe.Rika kan ndi pernaeh(karo disambi mlaku ben singa mandan kelalen).

Singa  :  ohhhh kaya kue yah,,meneng-meneng q kencot kie, koe mandeg disit kene ngobrol.

Kancil  : kencot ya madang nga...aku buru-buru je.

Singa  : hustt...ngko disit ,,,aja lunga sit.koe wingi kelingan ora?(wes mandan kesuh)

Kancil  : kelingan apa yah? nyong sibuk dadi ya mandan kelalen kie. masalah sing ndi?

Singa  :  sibuk kaya anggota DPR bae koe, wis koe aja kakean uprus, koe wingi tulih janji rep dadi santapanku, deneng malah aku diempani lombok neg koe. Kurangajar koe pancen.Pokoke koe siki ora ulih ucul kan terkamanku!!!

Kancil  : hehehe..sabar nga,, sabar kabeh bisa dirembug.

Singa  : Sabar ndasmu !!! wes aweh lombok sabar bae!!!

Kancil  : Oke lah, aku rela siki, tapi apa koe ra melas aring adiku, adiku akeh 7, rama biyungku wis mati, dulur dulurku adoh kabeh, adiku esih cilik-cilik urung bisa golet pangan.

Singa  : alesan bae koe cil, wingi koe wis nglemboni,pokoke enyong ra arep  ketipu maning neng koe.Wis aja ceramah bae,nyong wes kencot kie.

Kancil  : ya wis nek koe tega (akting nangis)

Singa  :aduh aktinge jannnd,pinter koe cil.nyong ra ngandel lah.

kan adohan ana batire kancil teka,terus ketemu karo kancil karo singa. Terus takon meng kancil, eh cil koe rep ngendi?

kancil  : rep dolan kie,tapi malah rep dipangan kie neng singa ,padahal koe mbok ngerti dewek tir batir, adiku 7 cilik2,rama biyungku wis mati,dulurku adoh,koe mbok ngerti tir batir?(karo ngedipna mata meng batire)

Batire kancil  : iya tuan singa, melas aja dipangan kue batirku.melas adine akeh.Nek arep mangan ngko tek sediakna neng aku.

Singa  : (mandan luluh atine) ya  wis lah koe tek culna cil ,melas nyong ring adimu. Wis nganah koe siki lunga, tek culna.

Kancil  : kesuwun banget pak singa,,rika apikan banget.

Batire Kancil : ya ayuh cil balik disit melas adimu miki be ketemu nyong jere kencot rung sarapan(karo ngedipna maata meng kancil)

Kancil  : apa iya ? ya ayuh mangkat, pak singa sori ya aku kudu bali kie.

Singa  : OH ya wis cil ,adine goletna pangan sit. ati2 baline ya

Kancil  : iya pak singa( etok2 bali karo batire tapi jane rep meng Mol, terus mesem-mesem ro batire karo ngomong "singa ko goblok temen kae"  hahahaha)

Singa terus mbalik golet mangsa liyane, sementara kancil karo batire dolan meng mol.

hehehe,,,cukup semono ya sobat ,ngesuk disambung maning

Tunggu crita selanjute.....Salam ngapak. ora nggyuyu sing penting mesem, ora mesem sing  penting keton untune sing kuning, pokoke sing penting yakin.

Subscribe to receive free email updates:

0 Response to "Guyonan kewan ( kancil ro singa)"

Post a Comment

Komentarlah yang sopan sesuai isi artikel
No spam